Pilkada Bojonegoro Sing Menang Jare Nyalahi Aturan, Sing Kalah Minta Pilkada Ulang
Pilkada Bojonegoro telah usai dilaksanakan, dengan aman dan lancar. Masyarakat telah memilih pasangan Suyoto – Setyo Hartono (Toto) untuk menjadi Bupati Bojonegoro untuk peri-ode lima tahun kedepan. Namun, dibalik kemenangan Toto, justru muncul per-soalan yang kini lagi ramai diperbincang-kan sejumlah kalangan, termasuk men-jadi menu utama obrolan di warung Yu Ti, Jl. Ahmad Yani – Bojonegoro.
“Alhamdulillah, jagoku menang. Mugo-mugo Bojonegoro akan lebih baik dipimpin Kang Yoto,” ucap Bogel, sesaat setelah duduk di dalam warung sambil minum kopi bersama Lik No dan Kang Warto.
“Baik opo, urung dadi Bupati wae wis ngapusi wong sak Bojo-negoro, opo maneh mengko yen wis dadi Bupati,” sahut Lik No, enteng.
“Ngapusi piye to Lik. Wong jelas-jelas nek programe Kang Yoto iku apik lan masuk akal kok mbok ndo ngapusi ki ngapusi piye ? “
“Justru, calon liyane iku sing ngapusi masyarakat. Kakehan janji, tapi gak enek wujude. Akhire ma-syarakat wis gak percoyo lan milih Kang Yoto sing berpasangan karo Setyo Hartono,” ungkap Bogel, sembari nyru-put kopinya.
“Lho, awakmu gak ngerti to Gel. Oalah, mulane dadi wong iku kudhu pinter ojo gelem diapusi wong. Jagomu iku saiki kan lagi keno masalah,” ujar Lik No.
“Sing kenek masalah kan wakile, dudu Bupatine. Aku ngerti nek masalah iku. Wakile Toto, dianggap tidak memiliki ijin dari atasane lan ijek jadi anggota TNI aktif to. Ngerti aku, tapi kenek opo permasalahan iku lagi diurus saiki, enek opo iki,” jawab Bogel.
“Wis, wis.., gak usah podho padudon karo kancane dhewe perkoro kuwi. Kabeh podho benere. Masalah iki nek menurutku sing teledor KPUne selaku penyelenggara Pilkada. Wis ngerti persya-ratane kurang kok tetep dilolosno,” sahut Kang Warto.
“Yo ojo KPUne sing disalahno Kang, sebab aku yakin, KPU wani meloloskan pasangan Toto, mesthi wis nduwe dasar dhewe sesuai aturan sing wis ono. Dene yen iku dianggep kurang pas kudhune dite-lusuri dhisik dengan melakukan koordinasi instansi terkait,” kata Yu Ti.
“Nek aku, masalah Setyo Hartono iku wis jelas. Bahkan Panglima TNI aja wis ngan-dakno yen calon wakile Suyoto iku masih anggota TNI aktif. Padahal untuk mengikuti Pilkada calon yang dari TNI harus menga-jukan pensiun dulu baru bisa ikut nyalon. Lha nek Setyo Hartono iki ora, ijek njabat kok wani melu nyalon, malah aku krungu jare ijin utowo persyaratan kanggo nyalon wakil bupati iku palsu. Opo ora ngapusi ngono iku jenenge,” jlentreh Lik No.
“Aku ugo wis krungu kabar kuwi Lik, tapi kenek opo kok lagi saiki masalah kuwi diurus. Kenek opo kok gak sakdurunge pilihan. Saiki misalke kabar mau bener, opo terus kemenangan Toto ape dibatalno,” ujar Bogel.
“Harus dong.., sebab jika sejak awal Pilkada sudah diwarnai hal-hal yang tidak bener dan nyalahi aturan, semua yang dilakukan secara otomatis tidak sah. Untuk itu Pilkada harus diulang kembali,” jawab Lik No.
“Lho, lho….! Kok soyo panas to iki. Pancene semua itu kemungkinan bisa terjadi. Sebab opo to sing gak iso dilakoni dalam politik itu. Semua bisa saja terjadi. Tapi, nek prasaku kok angel, mergo nek ape pilihan maneh njur dana soko endhi, lan nek pancen Toto terbukti melakukan pelanggaran tapi gak ditindak juga salah,” jelas Kang Warto.
“Tapi tenan kang, KPU saiki nasibe koyok mangan buah simalakama. Me-lanjutkan tahapan Pilkada salah, opo ma-neh sampek membatalkan hasil pilkada, iso-iso dienggo ramuan karo masyarakat sing jelas-jelas milih Kang Yoto,” terang Bogel.
“Iki aturan to Gel. Saat ini ketegasan KPUK sangat dibutuhkan, karma akan menentukan nasib Bojone-goro ke depan. Jika KPUK berjalan tidak sesuai aturan iso-iso mlebu penjara kabeh anggota KPUK Bojonegoro,” sahut Lik No.
“Mulane kita tunggu saja perkembangane. Saiki KPU udah melakukan koor-dinasi dengan instansi diatasnya untuk mengatasi persoalan yang terjadi pasca Pilkada Bojonegoro. Yo mugo-mugo wae, keputusan KPU nanti tidak berseberangan dengan aturan yang berlaku dan dapat diterima semua pihak,” terang Kang Warto.
“Oalah, pilkada wis bar kok ijek podho usrek. Timbang mikir kuwi alung mikir piye carane mbantu dulur-dulur sing bubar kena musibah banjir. Kutho Bojonegoro meh kabeh diterjang banjir. Nek ijek nduwe roso kamanungsan, saiki ora usah gegeran pekoro pilkada. Meno-long sesama yang kena musibah banjir itu lebih mulia,” tutur Yu Ti.
“Yo kuwi programe jagomu sing ape mbangun pengairan. Ora sawah tok sing di airi, nanging kuto bereng yo di airi,” celetuk Lik No, sambil ngeloyor pergi meninggalkan warung. (Kang gio)